Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya.
1. Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
2. Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.
3. Isi utawa Surasa Basa
Isi yaiku sakabehe pecahan sing diandharake marang para rawuh/tamu.
4. Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.
5. Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.
6. Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana belum sempurnanya utawa kaluputan olehe ngandharake.